Kamis, 29 September 2011

lirik gusdur

Alqur’an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo 2x

Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat Rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2x

Kelawan Allah Kang Moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirati diriadhoi
Dzikir lan suluk ‘jo nganti lali 2x

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran

Kelawan konco, dulur, lan tonggo
Kang podho rukun ojo trapsilo
Iku sunnahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito 2x

Ayo nglakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Sanajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2x

Ya rasululloh Salamun ‘Alaik
Ya Rofi’asyani wad daroji
Atfata Yaji Rota ‘Alami
Ya uhailaljudi wal karomi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar